21/01/15

Geguritan IBU KU Karya H. Riyanto, A.S.

IBU KU
H. Riyanto, A.S.

Ibuku
Rasa kapangku
Binayang wewayangan
Wadana ibu
Kang wus tulus mulus
Iklas pindha emas
Kamulyaning budi tanpa bates
Datan bisa kawales

Ngebaki paminta putra
Sakebaking jiwa
Datan gawe kuciwa
Aku dituntun
Dituduhake endahe
Sopan santun
Diajak manembah adoh sipat srakah
Dadi pinter ngerti ing bebener
Wewaler kang dadi lajer
Diterake tekan gisike kamulyan
Kabagyan

Ibu
Aku wis kebak dosa
Tansah gawe kuciwa
Aku ora bekti wani marang wong tuwa
Ibu kanthi mulya sabar drana ing ati

Saiki
Ibu wis murut kasidan jati
Mugi kaparingan pangaksami
Dining Gusti
Kapapanna ing suwarga mulya







Silahkan tuliskan komentar yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
EmoticonEmoticon