23/02/16

Soal Praktik Basa Jawa SD - Ngundha Layangan

Menyambut ujian semester yang sebentar lagi dilaksanakan, berikut kami bagikan arsip Soal Tes Praktik Basa Jawa untuk anak Sekolah Dasar kelas IV, V, maupun VI. Ada dua jenis soal yang kami berikan, pertama anak mengerjakan Soal Cerita Basa Jawa, kedua soal pengamatan dan membuat karya/ cerita dengan basa jawa. Silahkan dipergunakan sebagaimana mestinya dan semoga bermanfaat.

SOAL CERITA BASA JAWA 1

NGUNDHA LAYANGAN

soal praktik basa jawa sdSore iki Ari, Japar, Udin, lan Danang mentas wae padha sinau bareng. Bocah-bocah mau banjur padha semayan arep ngundha layangan sakwise mbalekake bukune ing omahe dhewe-dhewe. Wondene anggone ngundha ing plataran Bale Desa. Suwene suwe anggone ngundha, Ardi celathu, “Wah apike aja ing kene, ah. Nggone kurang jembar. Menyang pinggiran sawah wae yo!” Banjur bocah papat padha ngukel bolahe karo rembugan olehe arep golek panggonan kang luwih jembar. Japar lan Udin sarujuk karo penemune Ardi. Nanging Danang ora sarujuk jalaran pinggir sawah kang dikarepake Ardi iku cedhak dalan gedhe, akeh kendharaan liwat. Nanging senajan Danang ora sarujuk tetep wae melu mangkat menyang pinggir sawah. Kocapa lagi padha seneng-seneng ngundha ing pinggir sawah iku, dumadakan layangane Japar liwung marga pedhot bolahe. Bocah papat padha ngematake abure layangan banjur padha dioyak. Lha ing dalan ana montor liwat rada banter. Meh wae bocah-bocah iku katiwasan menawa supire ora ngerim montore. Bocah papat banjur mak jegedheg padha mandheg ora mbacutake ngoyak layangan. Celathune Udin, “Yen mau awake dhewe nggatekake usule Danang rak ora ngene iki.” Ardi, Japar, lan Danang padha meneng bae sawetara. Danang banjur mangsuli, ‘Ya wis saiki padha bali wae, sesuk maneh dipikir senajan sing ora setuju mung siji bandhing telu, durung mesthi kuwi ala.” “Iya, ya, aku nyuwun ngapura ya, Nang.” Bocah papat banjur padha mlaku bali karo guyon.

Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki?
  1. Apa wae kegiyatane Ardi, Japar, Udin, lan Danang sore iku?
  2. Geneya anggone ngundha layanangan ndadak ngalih (pindhah) panggonane?
  3. Miturut panemumu, sapa sing duweni sifat ngati-ati oleh ngundha layangan, lan apa tandhane (buktine)?
  4. Bocah 4 katon guyup rukun ora kerengan. Apa tandhane (buktine)?
  5. Bocah 4 iku klebu bocah sing tanggungjawab marang kewajibane sekolah. Tuduhna apa buktine!


SOAL CERITA BASA JAWA 2 

BRATASENA

soal cerita basa jawa sdBratasena uga Werkudara. Duwe jeneng liya maneh yaiku Bima. Bratasena duwe garwa telu cacahe, yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urangayu. Saka Dewi Naganini kagungan putra aran R. Antareja. Wondene saka Dewi Arimbi peputra Raden Gathutkaca. Saka Dewi Urangayu diparingi putra R. Antasena. Satriya telu mau prayata sekti-sekti lan bisa dadi bentenging praja Amarta. Kang perlu dituladhani senajan seje ibu tunggal bapak, nanging tetelune guyup, bantu binantu saengga nuwuhake kekuwatan kang nyata bisa mbrastha memala kang ana ing praja Amarta. 
Anggone ngamanake praja Amarta upamane wae nalika ana mungsuh saka nagara Trajutrisna kang dipandhegani ratune yaiku Prabu Bomanarakasura.

Wangsulana pitakon-pitakon iki!
  1. Aranana dasa namane Bratasena!
  2. Putrane Bratasena 3 lanang kabeh, sapa bae?
  3. Tuladha apa kang bisa diconto saka putra-putrane Bratasena?
  4. Garwane Bratasena iku sapa bae?
  5. Ing wacan mau, sapa lan saka ngendi mungsuhe nagara Amarta? 

Soal Tingkah laku
Miliha 1 banjur tindakna!
  1. Tamatna (gatekna) bakul jajan ing kiwa tengen sekolahan, banjur tulisen apa wae kang kok gatekke mau. Yen wis banjur lapurna marang gurumu!
  2. Bocah-bocah padha ngematke (nggatekake) kahanan dalan sacedhak sekolahan udakara 10 menit, banjur tulisen apa kang kok gatekake, nganggo basamu kang apik. Yen uwis tulisanmu tukarna kancamu supaya kancamu aweh panyaruwe (tanggapan). Aja lali jenengmu ditulis amrih gampang anggone mbijeni.

Silahkan tuliskan komentar yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
EmoticonEmoticon