Legenda Rawa Pening (Basa Jawa)

Kisah Terjadinya Rawa Pening (Bahasa Jawa)

    Ing redi merbabu wonten wanita tapa gadhah anak salah kedadosan, dados sawer, sawer wau saya dangu saya ageng. Nuju satunggaling dinten sawer murugi pratapanipun Sang Pandhita ngaken bilih piyambakipun putranipun Sang Pandhita, Sang Pandhita kaget, wusananipun wicanten mekanten, “Eh ula, teka elok temen kowe ngaku anaking manungsa, ewosemono aku gelem ngaku kowe dadi anaku nanging kowe kudu gelem tapa nglungkeri gunung Merbabu bisa temu gelang, yen kowe bisa nyakepi gunung iki, kowe dakaku anak tenan.

    Kacariyos sawer wau lajeng tapa nglungkeri gunung Merbabu, saking dangunipun anggenipun tapa, badanipun ngantos dipun rambati oyod-oyod, sareng pethithing badhe kacobi kagathukaken kaliyan endase, taksih cupet, ilatipun lajeng dipun eletaken, supados saged gathuk kaliyan buntut, wusana Sang Ajar sumerep, ilatipun dipun tigas (dikethok), kethokanipun ilat wau dados tosan, nunten kadamel waos Ki Ajar. Sawer wau boten pejah, badanipun saya dangu boten ketawis saking kathahing rerungkudan.

    Nuju satunggaling dinten tetiyang dudu sami pados bebujengan wana, nalika sami ngaso linggih ing wit ageng wonten satunggaling tiyang ingkang bacok-bacok kalandhesan ing wit-witan wau, ndadosaken kagetipun dene wit-wit wau medal rahipun. Kancanipun sedaya ingkang sami ningali, serta gadhah panginten menawi ingkang medal rahipun menika uling ingkang sakalangkung ageng. Tinimbang boten angsal bebujengan wana, uling-uling ingih lumayan, nunten dipunpurak, ulamipun kabekta mantuk dhateng dusun kepasrahaken ing kelurahan.

    Ejingipun ing kelurahan, kathah tiyang estri ingkang sami olah-olah, sebab sontenipun badhe wilujengan merti dusun. Sukmanipun sawer wau mendha-mendha lare jaler dumugi dhateng kelurahan nyuwun tedhan sekul ulam, nanging boten wonten ingkang maringi, wonten setunggal nini-nini ingkang kagungan raos welas dhateng lare wau, pramila lare lajeng dipunparingi tedhan, sesampunipun nedha lare lajeng weling marang nini-nini, welingipun mekanten, “Embah menawi mangke wonten banjir, embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunangge prau, enthongipun dipunagge melahi.

    Lare wau sareng nedhi tuwuk, lajeng nancebaken sada ing latar, ing ngriku kathah lare ingkang ningali, lare ingkang gadhah sada wicanten mekanten, “Ayo sapa bisa mbedhol sadaku iki,” kathah lare ingkang nyobi mbedhol genthos-genthos, nanging boten wonten ingkang kumawi mbedhol. Tiyang-tiyang ing padhapi sareng mireng lare-lare gumujeng ger-geran lajeng sami medal, wusana tiyang –tiyang wau sami tumot nyobi mbedhol, nanging inggih boten wonten ingkang kumawi. Lare ingkang gadhah sada lajeng majeng sarwi wicanten, “Yen boten wonten ingkang saged mbedhol sada, pundi kula bedhole piyambak.”

    Sareng sada kabedhol, tebetipun medal toya. Toya wau gumrojog, saya dangu saya kathah, dangu-dangu lajeng banjir. Tiyang sedusun pating jlerit boten kantenan solahipun, wusana sami pejah kebanjiran, nanging tiyang estri nini-nini wau wilujeng piyambak, amargi numpak lesung. Sada wau nalika dipunbedhol katutan siti, sitinipun dipun lencungaken lajeng dhawah ing eliripun gunung Telamaya, siti wau dados redi alit nama Kandalisada. Panggenan ingkang kebanjiran wau ngantos sapriki taksih dados rawa ingkang nama “Rawa Pening”, inggih menika tukipun lepen Tuntang.

Download Document Kisah Terjadinya Rawa Pening Basa Jawa